Sengseming Asmaragama
Asmaragama
saking alaming alimut
gaibing Allah sajati
tumitis ing dalêm rahsa
rahsaning priya duk lagi
sêngsêming asmaragama
pamoring jalu lan èstri
Tembang Kinanthi pupuh ke 9
Sêrat Sastrajendra Hayuningrat
Angabèi IV, c. 1900, #1317
Tembang ke 9 Kinanthi pupuh ke 11
Kridhawasita
Purbadarsana, 1946, #1196
Sêrat Sastrajendra Hayuningrat
Angabèi IV, c. 1900, #1317Kinanthi
1. kinanthi amurwèng kayun | wuryaning wasita jati | jatine kang tinarbuka | kawruh adi kang piningit | sastrajendra hayuningrat | kang môngka wadining bumi ||
2. sastra têgêse pan kawruh | yèku paningal kang êning | arja puniku minulya | sukci kang ananirèki | endra pan agung asamar | anglimputi saananing ||
3. sèsining kang buwana | yèku jatining ngaurip | jumênêng langgêng priyôngga | kang kawasa paring urip | kang gumlar ing bumintara | sanggyaning para dumadi ||
4. yèku kang wênang sinêbut | Allah Tangala sajati | kang agung mulya datira | kang elok sipatirèki | ingkang wisesa asmanya | sampurna apngalirèki ||
5. wèh ayuning rat sawêgung | amarna sipat sakalir | kang andum rahsaning jagad | anyamadi ganal alit | kang kawasa wicaksana | kang adil murah ing dasih ||
6. tan ana ingkang nyakuthu | jumênêng urip pribadi | ing satuhune dat sipat | asma apngaling Hyang Widhi | wus dumunung ing kaanan | ananing manungsa iki ||
7. katitipan rahsanipun | Pangeran Kang Maha Sukci | puniku wahananira | dating sastra kang piningit | sotyadi sasangkaning rat | mêngku prasidaning dadi ||
8. arjaning parasdya nulus | kang kawasa amumpuni | saliring rasa dumina | lêlantaraning ngaurip | tumuruning sastra cêtha | jumênêng nukat ginaib ||
9. saking alaming alimut | gaibing Allah sajati | tumitis ing dalêm rahsa | rahsaning priya duk lagi | sêngsêming asmaragama | pamoring jalu lan èstri ||
10. duk mêdhar rahsaning kakung | lênyêp murcitaning aksi | tiniyup ing kanikmatan | ing kono pamorirèki | dating atma kang wisesa | kadim sajatining urip ||
11. amoring dat lan rasèku | ingaran wadi lan mani | tumiba ing guwa garba | acampuh kalawan madi | yèku rahsaning wanita | kumpule dadi sawiji ||
12. aran manikêm puniku | yèku wêwadhahing urip | wujud siji catur aran | mani madi lawan wadi | maningkêm [= manikêm] sakawanira | yèku wijining dumadi ||
13. dadining manungsa iku | saking warna catur singgih | dene wiji kang ngaranan | sarining bumi lan gêni | miwah sarining maruta | sakawan pathining warih ||
14. kang samya ingakên iku | laire sipating Widhi | wus wujud nèng catur rahsa | yèku baboning jasmani | minôngka sêsandhanira | abuning roh kang sajati ||
15. abuning roh têgêsipun | baboning nyawa sakalir | kang nguripi sakèh rasa | ingaran nyawa rohkani | yèku tohjalining sastra | sipat cahya Muhkamadi ||
16. Mukamad ing têgêsipun | wênang sinêmbah pinuji | sêsirahing kanikmatan | rasaning buwana yêkti | satuhu sêsotyaningrat | nirmala waluya jati ||
17. jatine sapa ingkang wruh | rêsmining jagad puniki | minulya ing uripira | sinung padhanging panggalih | praptaning pati sampurna | dumunung ing swarga luwih ||
18. uriping suksmanirèku | anunggal Hyang Suksma Sukci | wus roro-roroning tunggal | tan kêna ingaran kalih | iya uriping kawula | satuhu uriping Gusti ||
19. kawasa wisesanipun | kawula kalawan Gusti | tan kêna yèn pisahêna | sampurna purwaning dadi | langgêng kauripanira | si kombang anèng swargadi ||
20. anuksmèng sagara madu | madu maduning ngaurip | nyamadi jiwa raga [= anyamadi jiwa raga] | iya ragane pribadi | kang kawasa marna sipat | sipating manungsa iki ||
21. dadi saking rasa catur | kang wus kajarwa ing ngarsi | mani iku dadi rupa | madi uripe ing ati | wadi dadi ngakal nyata | manikêm nyawanirèki ||
22. wujuding catur warnèku | katôndha nèng netra sami | manikêm undêring netra | mani iku dadi manik | wadi pêputihing tingal | dene kang ingaran madi ||
23. urip ing netranirèku | warna ingarane singgih | rahsaning paningal nyata | punika ingaran madi | de wiji kang catur aran | sarining bumi pan dadi ||
24. carmaning manungsa iku | sari gêni dadya daging | sarining angin dadya rah | pathining banyu pan dadi | tulang myang otot prasamya | sampurnaning wujud yêkti ||
25. kang wadhag lawan kang alus | saking kodrating Hyang Widhi | padha minôngka warana | dadya sêsandhaning urip | uripe pinaring tôndha | rahsa kang karasa sami ||
26. pininta-pinta pinatut | ing papan êmpanirèki | kabèh iku aran nyawa | ana jalu ana èstri | padha minôngka busana | lantaran karsaning Widhi ||
27. marma kang marsudi kawruh | aywana katungkul sami | dipun wruh ing sangkan paran | sangkan paraning dumadi | paran praptaning kasidan | wruh kasampurnaning pati ||
28. lah baya ngêndi gonipun | Pangeran kang paring urip | dèn wruh sajatining rêtna | jroning cipta dèn kaliling | akèh sotya sama rupa | aja nganti salah dalih ||
29. titipan umurirèku | dèn katur mring kang nitipi | kabèh sagolonganira | gulungên dadi sawiji | yèn wus gumolong kang cipta | ulihna purwaning dadi ||
http://www.sastra.org/agama-dan-kepercayaan/81-wulang/1420-sastrajendra-hayuningrat-angabei-iv-c-1900-1317
Sêrat Kridhawasita
Purbadarsana, 1946, #1196Piwulang kangge lair saha batos, tumrap ing môngsa punika
Dening: R. Purbadarsana Surakarta.
Kawêdalakên dening: P.B.P.N.I. Surakarta.
9. Kinanthi
1. nak-anak dipadha emut | piwêlingku kang nèng ngarsi | elingana mulabuka | ananira duk ing nguni | rama ibu lêlantaran | sêngkêran gènmu tumitis ||
2. tumètès gya dipun kandhut | ing guwa garbaning bibi | laminira sangang côndra | ibumu nama garbini | mara anggèr piyarsakna | sêmakên sajroning ati ||
3. apalanku trima lowung | kinarya anggrenda pikir | sastrajendra hayuningrat | wuryaning wasitajati | jatining kang tinarbuka | kawruh adi kang piningit ||
4. sastra têgêse pan kawruh | yèku paningal kang wêning | arja minulya têgêsnya | suci ing ananirèki | endra pananggulang samar | anglimputi saananing ||
5. sasine [= sèsine] kang bawana gung | yèku jatining ngaurip | jumênêng langgêng priyôngga | kang kawasa paring urip | kang gumlar nèng jagad raya | sangyaning para dumadi ||
6. yèku kang wênang sinêbut | Allah tangala sajati | kang anggung mulya datira | kang elok sipatirèki | kang kawasa wicaksana | kang adil murah mring dasih ||
7. wèh ayuning rat sawêgung | amarna sipat sakalir | kang andum rahsaning jagad | anyamadi agal alit | ingkang wisesa asmanya | sampurna apngalirèki ||
8. tan ana ingkang nyakuthu | jumênêng urip pribadi | ing satuhune dat sipat | asma apngaling Hyang Widhi | wus dumunung ing kaanan | ananing manungsa iki ||
9. katitipan rasanipun | Pangeran Kang Maha Sukci | punika wahananira | dating sastra kang piningit | satuhu sêsotyaning rat | mêngku prasidaning dadi ||
10. arjaning parasdya nulus | kang kawasa amumpuni | saliring rasa dumina | lêlantaraning ngaurip | tumuruning sastra cêtha | jumênêng nugat ginaib ||
11. saking alaming alimut | gaibing Allah sajati | tumitis ing dalêm rahsa | rahsaning priya duk lagi | sêngsêming asmaragama | pamoring jalu lan èstri ||
12. duk mêdhar rahsaning kakung | lênyêp murcitaning ngaksi | tiniyuping kanikmatan | ing kono pamorirèki | dating atma kang wisesa | kadim sajatining urip ||
13. amoring dat lan rasèku | ingaran wadi lan mani | tumiba ing guwa garba | acampuh kalawan madi | yèku rahsaning wanita | kumpule dadi sawiji ||
14. aran manikêm puniku | yèku wêwadhahing urip | wujud siji catur aran | mani madi lawan wadi | manikêm sakawanira | yèku wijining dumadi ||
15. dadining manusa iku | saking catur warni singgih | dene wiji kang ingaran | sarining bumi lan gêni | miwah sarining maruta | sakawan pathining warih ||
16. kang samya ingakên iku | laire sipating Widhi | wus wujud nèng catur warna | yèku baboning jasmani | minôngka sasandhanira | abuning roh kang sajati ||
17. abuning roh têgêsipun | baboning nyawa sakalir | kang nguripi sakèh rasa | ingaran nyawa rohani | yèku tohjalining sastra | sipat cahya mukamadin ||
18. mukamad ing têgêsipun | wênang sinêmbah pinuji | sêsirahing kanikmatan | rahsaning bawana yêkti | satuhu sêsotyaning rat | nirmala maluya jati ||
19. jatine sapa ingkang wruh | rêsmining jagad puniki | minulya ing uripira | sinung padhanging panggalih | praptaning pati sampurna | dumunung ing swarga luwih ||
20. uriping sukmanirèku | anunggal Hyang Sukma Jati | wus roro-roroning tunggal | tan kêna ingaran kalih | iya uriping kawula | satuhu uriping Gusti ||
21. kawasa wisesanipun | kawula kalawan Gusti | datan kêna pinisahna | sampurna purwaning dadi | langgêng kauripanira | si kombang anèng swarga di ||
22. anukmèng sagara madu | madu-maduning ngaurip | kang nyamadi jiwa raga | iya ragane pribadi | kikawasa [= kinawasa] marna sipat | sipating manusa iki ||
23. dadi saking rahsa catur | kang wus kawahya ing nguni | mani iku dadi rupa | madi uripe ing ati | wadi-wadi ngakal nyata | manikêm nyawanirèki ||
24. wujuding catur warnèku | katôndha nèng netra mami | manikêm undêring netra | mani iku dadi manik | wadi pamutih ing tingal | dene kang ingaran madi ||
25. uriping netranirèku | warna ingarane singgih | rahsaning paningal nyata | puniku kang aran madi | de wiji kang catur aran | sarining bumi pan wadi ||
26. carmaning manusa iku | sari gêni dadya daging | sarining angin dadya rah | pathining banyu pan dadi | balung myang otot prasamya | sampurnaning wujud yêkti ||
27. kang wadhag miwah kang alus | saking kodrating Hyang Widhi | padha minôngka warana | dadya sasandhaning urip | urip pinaringan tôndha | rahsa kang karasa sami ||
28. pininta-pinta pinatut | ing papan êmpanirèki | kabèh iku aran nyawa | ana jalu ana èstri | padha minôngka busana | lantaran karsaning Widhi ||
29. marma kang marsudi kawruh | aywa na katungkul sami | dipun wruh ing sangkanparan | sangkanparaning dumadi | paran praptaning kasidan | wruh kasampurnaning pati ||
30. lah baya ngêndi gènipun | Pangeran kang paring urip | dèn wruh sajatining rêtna | jroning cipta dèn kaliling | akèh sotya madha rupa | aywa kongsi salah dalih ||
31. titipan umurirèku | dèn katur mring kang nitipi | kabèh sagolonganira | gulungên dadi sawiji | yèn wus gumolong ing cipta | ulihna purwaning dadi ||
32. dhuh pra mudha pamêlingku | aja kêmba maca ngliling | isining Kridhawasita | supaya wiwit mêruhi | laku jantraning ngagêsang | tan wurung nêmahi lalis ||
33. rampunging pangarangipun | Kridhawasita nyarêngi | Sênèn Lêgi kaping sanga | Ruwah Jimawal kang warsi | sinangkalan swarèng arga | amakewuhi nagari ||
[Sengkalan: swarèng arga amakewuhi nagari (Sênin Lêgi, 9 Ruwah 1877 A.J., Selasa, 9 Juli 1946 A.D.)]
http://www.sastra.org/agama-dan-kepercayaan/78-kebatinan-dan-mistik/1101-kridhawasita-purbadarsana-1946-1196
Tidak ada komentar:
Posting Komentar